Senin, 07 September 2015

Basa Rinengga

Basa rinengga saka gabungan tembung basa lan rinengga. Basa kabeh mesthine wis padha mangerteni tegese, dene rinengga tegese dipacaki, dipaesi. Rinengga prelune amrih endah, bregas, lan ngresepake. Basa rinengga ngemu surasa ngemu surasa kaendahan yaiku kaendahane basa. Jinise basa rinengga iku akeh, mula ora kabeh basa rinengga diwulangake ing piwulangan iki. Sing dirembug ing wulangan iki yaiku Purwakanthi lan Wangsalan.
1.    Nulis Purwakanthi
Salah sijine basa rinengga kang bisa nambahi kaendahan jroning ngracik ukara ing sastra Jawa yaiku purwakanthi.
Sing diarani purwakanthi yaiku gandhenge swara/sastra/basa ing buri karo sing ngarep kang wis kasebut.
Gunane purwakanthi iku kanggo nambahi anane rasa kaendahan jroning karya sastra kayata ing tembang, geguritan, lan basa endah liyane.
Purwakanthi kaperang dadi telu yaiku :
1.    Purwakanthi guru swara : Purwakanthi sing awewaton padhane swara voka ing ngarep sing wis kasebut.
Tuladha :  -  Ana awan, ana pangan
             -  Ana dina, ana upa
             -  Wong bungah, nemu susah
2.    Purwakanthi guru sastra  :  Purwakanthi sing awewaton rujuke sastra/konsonan sing mburi karo sastra / konsonan ing ngarep sing wis kasebut.
Tuladha  :  -  Laras, lurus, leres, laris
                  -  Sapa sing salah bakal seleh
                  -  Adigung, adigung, adiguna
3.    Purwakanthi basa / lumaksita :  Purwakanthi sing awewaton rujuke wanda pungkasan gatra ngarep karo wanda wiwitan gatra sing mburi.
Tuladah  :  -  Sung bekti, bektine kawruh marang Gusti
                  -  Kolik priya, priyagung anjani putra
                  -  Bayem arda, ardaning ngrusak busana

2.    Wangsalan
Wangsalan yaiku unen - unen kang ngemu teges  bedhean, kayadene cangkriman utawa tebakan. Tembung wangsalan nunggal teges karo tembung wangsulan. Ing sajrone wangsalan ngemu unen - unen lan unen - unen mau mbutuhake wangsulan minangka batangane.
Jenise wangsalan ana 4 yaiku :
a.    Wangsalan padinan,
b.    Wangsalan kang rinacik ing ukara,
c.    Wangsalan kang dumadi rong gatra,
d.    Wangsalan sinawung ing tembang
Ing wulangan iki dirembug 3 jinis yaiku wangsalan padinan, wangsalan kang rinacik ing ukara, lan wangsalan kang dumadi rong gatra.
a.    Wangsalan padinan
    Yaiku wangsalan dianggo nalika guneman saben dina.
Umpamane :
1.    Isih enom kok njangan gori. (gudheg = mbudheg)
2.    Wah, sajake lagi nglapa muda. (degan = dheg - dhegan)
b.    Wangsalan kang rinacik ing ukara
Umpamane :
1.    Balung janur, nyata sira minangka usada (sada)
2.    Kukus gantung, daksawang atimu bingung (sawang)
3.    Sarung jagung, abot entheng ayo ditanggung (klobot)


c.    Wangsalan kang dumadi rong gatra
Umpamane  :
1.    Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra
    Nora gampang, wong urip ing ngalam donya (pang-pati urip)
2.    Uler toya, toya mijil saking netra
    Satitahe, sauger ora ngluh ing driya (lintah - eluh)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar