Pahlawan kuwi sawijining pawongan sing nduweni lelabuhan gedhe marang bangsa lan negara. Nalika jaman semana, negara kita dijajah Walanda utawa Jepang akeh peperangan kang kadadean kanggo nglawan. Salah siji pawongan kang nglawan marang tumindake penjajah, yaiku Sultan Agung saka Krajan Mataram.
Sultan Agung Mataram
Raja Mataram Islam kaping III yaiku Putra Panembahan Hanyakrawati (Panembahan Seda Krapyak) saka garwa prameswari Ratu Mas Adi Dyah Banawati putrine Sultan Prabuwijaya/Pangeran Benawa saka Kraton Pajang. Asma timure yaiku Raden Mas Jetmika utawa Pangeran Rangsang. Mios ing Kuthagedhe Kasultanan Mataram taun 1593. Taun 1614 Sultan Agung miwiti minangka raja kang naklukake pesisir lor lan kasil nguasani Lumajang, Pasuruan, Kediri, Tuban, Pajang, Lasem, Madura, Surabaya, Sukada (Kalimantan), lan Palembang. Sultan Agung ngrasakake bebaya saka VOC. Wiwit walanda iku amung niat dagang, nanging nguasani dhaerah. Walanda nuntut hak monopoli kanggo dagang, suwalike Sultan Agung gelem nganakake sesambungan dagang karo bangsa ngendi wae, waton bangsa iku ngajeni adeging negara Mataram. Wiwit saka iku ana crah ing sesambunganing Mataram lan VOC.
Sesambungan kang ora apik antarane Mataram lan VOC dumadi wiwit taun 1618. Nalika taun 1618, Mataram nyerang kantor VOC ing Jepara kanthi alesan amarga kapal-kapal Walanda nindhakake prampokang ing Bandar Jepara.
Sultan agung iku kalebu paraga kang trampil olah organisasi, olah perang, ahli politik, ahli filsafat lan ahli sastra. Kreatif lan Inovatif kabukti saka asil karyane Sultan Agung antarane kang arupa tahun Jawa kang kawiwitan Tahun 1625 M (1035 H), lan buku-buku kasusastran anggitane. Sultan Agung nggawe petung kalender Jawa Islam kang diwiwiti 1 Sura 1547 mbacutake petung lawas kang isih migunakake kalender Hindhu (tahun saka) kang wektu iku isih ana ing tahun 1547 saka, menawa kapetung nganggo tahun masehi nalika iku mlebu tahun 1625 M. Buku-buku anganggitne yaitu Serat Sastra Gendhing, Serat Niti Sastra lan Serat Pangracutan kang isine ngemot piwulang-piwulang luhur sarat Serat Surya Alam kang isine ngemot Undhang-undhang Pidana.
Sultan Agung seda ing Karta (Plered, Bantul) Kasultanan Mataram tahun 1645 kang sabanjure disarekake ana ing Imagiri. Dhampar kedhaton Mataram diterusake putrane asma Raden Mas Sayidin kang sak banjure jejuluk Susuhunan Amangkurat Agung. Sultan Agung katetepake minangka pahlawan nasional Indonesia adhedhasar S. K. Presiden No. 106/TK/1975 tanggal 3 November 1975.
Kapetik saka "Sastra Jawa Muktahir" Kanthi owah-owahan sak perlune

Tidak ada komentar:
Posting Komentar